Senin, 06 April 2015

cerkak



Rasa Lara ing Sakduwure Wong kang Bebungah
Ing sawijining dina, sawise kenaikan kelas, aku weruh salah sawijining murid wedok kang marakke aku penasaran. Dheweke salah sawijining murid kang sekelas karo aku yaiku seka kelas XI IPA 1. Praupane ayu, seneng mesem, saha sopan karo wong liya. Rangerti kenapa anggere aku nguwasne praupane, atiku dadi ayem, tentrem, saha adem. Ananging aku bingung karo rasa sing tak raskne iki. Sawise wes rada suwe anggonku sakkelas ro dekke, akhire aku ya kenal karo cah wedok kui mau, terus dadi akrab.
Jenenge Nindhi, wong asli Surabaya, omahe ning jakal, deweke sekolah ning kene amerga melu mbahe. Minangka salah sawijining murid kang ayu saha apik tindak-tanduke, Nindhi disenengi karo kanca-kanca liya, karo akeh bocah lanang kang naksir karo dheweke, salah sijine yaiku kancaku sing jenenge Rendi. Rendi kui kancaku sing paling akrab lan kancaku awit cilik. Awit sekolah SD ngangsi SMP, aku mesti sak sekolahan karo Rendi.  Sabendinane aku biasa dolan bareng karo Rendi. Kadang kala nalika jam pelajaran kosong, aku malah bolos bareng Rendi banjur mlipir dolan tekan ngendi-ngendi. Amarga sabendinane aku awor karo Rendi, siwe-suwe aku krasa malah ngangsi kaya sedulur cerak.
Sedurunge Ujian Nasional tingkat SMP, aku sempat ngobrol karo Indra babagan SMA ngendi kang bakal dipilih. Aku karo Indra ndue angen-angen supaya sesuk milih SMA sing padha, supaya iseh isoh dolan bareng meneh. Sawise biji ujian wes metu, aku karo Indra padha-padha pamer biji. Jebulna bijine ora kacek adoh, padha-padha eleke. Amarga bijine elek, aku karo Indra setuju arep golek SMA sing cerak wae. Terus aku ro Indra sidane setuju ndaftar ning SMA sing jarake kira-kira mung 4 km saka omahku. SMA sing tak pilih kui sebenere mung sekolah kang biasa-biasa wae, ora ketok apike, ananging ya ora ketok elekke. SMA kui salah sawijine sekolah kang anyaran kang urung suwe dibangun saha manggon ning desa. Arepa dudu sekolah kang apik banget, ananging ning kono aku isoh etuk ilmu saha apa wae kang guna kanggo uripku.
Senajan wes rada suwe anggonku sinau ning SMA kui ngangsi tekan kelas XI IPA, aku ngerasa seneng isoh ketampa ning SMA iki. Salah sijine yaiku aku isoh kenal karo Nindhi. Iki kang sepisanan aku ngrasakne bebungah karo wong wadon. Sedurunge aku urung pernah ngrasakne rasa kang kaya ngeneki. Rasa kang marakeke dhek-dhekan ati iki sawektu ketemu karo dheke. Rasa kang marakake awakku ngelingi dekke sedurunge arep turu. Saha iseh akeh meneh rasa kang raisoh tak ungkapke. Ananging sejatine aku bingung karo rasa sing tak raskne iki. Aku uga kepikiran kancaku sing uga naksir karo Nindhi, apa meneh kui kancaku sing paling akrab karo aku, aku wegah ning ngangsi rasa sing tak rasakne iki marakne ngrusak paseduluran sing wis tak gawe karo Rendi awit iseh cilik. Ananging sayektine aku ya ra lela yen uwong sing tak tresnani dipek karo wong liya.
Amerga masalah sing kaya ngono kui aku dadi raisoh konsentrasi, nandangi apa wae aku dadi kepikiran. Banjur aku nekad ameh ngomong rasa ning atiku iki karo Nindhi, amarga rumangsaku iki dalan sing paling apik. Ananging sedurunge aku ngomong karo Nindhi, aku pengen ngomong karo Rendi kanggo jaluk pendhapate dheke. Banjur aku mara ning omahe Rendi.
“Ren, aku pengen cerita karo koe.” (ngomongku alus)
“ya, kok kebetulan. Eneng sing pengen tak ceritake karo koe yoan!” (Rendi ngomong kanthi rai sumringah)
“lhoh, kok kayane seneng banget, eneng apa to?” (takonku kanthi penasaran)
“ngene lho Dit. Ndek wingi kan aku, Nindhi, Bagas, Lena, karo Heri lunga bareng ning Kaliurang kanggo garap tugas sejarah. Sawektu aku mlaku bareng karo Nindhi, aku kepikiran arep ngomong yen aku tresna karo dheke. Ananging wektu kui aku iseh bingung karo wedi yen aku ngko ra di trima. Tak piker-pikir meneh, yen aku ora ngomong saiki aku ora due kesempatan meneh. Banjur ning kono aku putusake ngomong saiki.” (Raine Rendhi tambah sumringah.)
“banjur kepiye jawabane dheke? “ (takonku kanthi tambah penasaran.)
“Alhamdulillah Dit, dheke gelem nrima aku dadi pacare!!” (jawabe Rendhi, kanthi seneng banget.)
“o, ya syukur. Aku ya melu seneng krungu kabar kui” (jawabku mesem, kanthi mata kang ngrembes kaya arep nangis)
Sawise diceritane kui, aku ngerasa sedhih. Aku mesthi kepikiran kedadean kui. Ananging aku ngangsi saiki ora arep ngomong karo Rendi yen aku uga seneng karo Nindhi. Aku wegah ngrusak hubungan wong liya, apa meneh kui kancaku dhewe. Nganti saiki rasa kui mung tak pendhem ning atiku, supaya sing reti ya mung aku karo Gusti ingkang Maha Kuwaos.

Aditama Abrianto
13205241027
PBD A 2013