Jumat, 27 Februari 2015

Profil

Aditama Abrianto, lair ing Sleman, 5 Oktober 1995. Awit TK ngangsi kuliah, dheweke golek ngilmu ning kotane dhewe yaiku ning Sleman, Yogyakarta. Dheweke ora gelem pindah seka kotane dhewe amarga dheweke bangga karo kota kelairane, yaiku kota pelajar, kota Ngayogyakarta. Saiki dheweke dadi mahasiswa ing Fakultas Bahasa dan Seni (FBS), Universitas Negeri Yogyakarta (UNY), jurusan Pendidikan Bahasa Daerah. Kepinginane dheweke mlebu ning jurusan Pendidikan Bahasa Daerah amarga dheweke kepengen dadi guru basa jawa, lan kepengen nguri-uri kabudayan jawi kang saiki saya suwe saya ilang. Alasan liya dheweke mlebu jurusan basa jawa amarga dheweke seneng gamelan karo wayang kang identik karo jawa.

Aditama Abrianto
13205241027
PBD A 2013

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Yogyakarta